Rabu, 28 November 2012

Contoh Layang Bahasa Jawa


1. Kegem Bapak lan Ibu 
Wonten ing ndalem Solo
Assalamu'alaikum Wr. Wb
Kados pundi kahananipun Bapak lan Ibu? Mugi - mugi Gusti Allah tansah maringi kanugrahan lan kesehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah dalem lan putra mantu tansah bagas waras.
Bapak lan Ibu ingkang satuhu kula bekteni, kenanthenan serat menika, kula badhe matur bilih dalem Insya Allah badhe wangsul dateng Solo benjang sasi Agustus kinepatan sasi riyaya Idul Fitri. Nyuwun pangetunipun mugi - mugi sedoyo dipun paring lancar sahinggo mboten wonten tambahan tugas kuliah ingkang kedah dalem rampungaken.
Mbok bilih wonten upakarti utawi oleh - oleh ingkang dipun kersakaken saking Belgia, sumonggo dalem aturi telepon dalem. Insya Allah saged dalem padosaken dateng mriki.
Dalem kinten cekap semanten rumiyin serat saking ingkang putro.
Wassalamu'alaikum wr. wb.



2. Mugi Katur
Ingkang Kinabekten Slamet Saputra
Ing Yogyakarta

Assalamualaikum Wr.Wb

Ingkang sareng kaliyan serat punika, kula pun wayah ngaturi pirsa bilih awit saking berkah pangestunipun bapak, kulawarga ing Semarang pinaringan kasarasan miwah kawilujengan Mugi-Mugi bapak lan Kulawarga ing Yogyakarta semantena ugi. Kajawi saking punika, keparengan matur bilih Bab Semesteran I ajeng dianakake Minggu kapindo wulan Desember 2010 lan mbayarake biaya gotong-royong kangge sekolahan yaiku Rp. 125.000,00 biaya gotong-royong wau ajeng dibayarake tanggal 30 November 2010. Mugi-Mugi kula saget nggarap Bab Semesteran I lan kula ajeng ngatosake doa restu kaleh bapak lan sak kaluwarga supoyo kula saget nggarap lan kula bisa ngasto nilai apik.

Wasana cekap semanten rumiyin atur kula nyuwun pangapunten sedaya sembah sungkem saking kula ing Semarang




Matur Nuwun,

Wassalamualaikum Wr.Wb


0 komentar:

Posting Komentar